Syawalan Keluarga Besar SMA Muhammadiyah Bantul
SMAMUHIBA. Keluarga besar SMA Muhammadiyah Bantul pada hari Senin, 17 Juli 2018 melaksanakan kegiatan Syawalan yang dilaksanakan di lapangan Basket SMA Muhammadiyah Bantul. Kegiatan syawalan tersebut diikuti oleh Guru, Karyawan dan Siswa. Kegiatan Syawalan diawali dengan sambutan Kepala Sekolah sekaligus dibacakan Ikrar Syawalan, yang dilanjutkan dengan Pengajian Syawalan oleh Ustadz H. Fahrudin, S.Ag.
Ikrar Syawalan dibacakan dengan menggunakan Bahasa Jawa, seperti berikut :
IKRAR HALAL BI HALAL
Bismillaahirrahmaanirrakhiim.
Kula sedaya, warga ageng SMA MUHAMMADIYAH BANTUL, saha sedaya ingkang lenggah, ing papan menika, kanthi eklasing manah, keparenga ngaturaken, ikrar halal bi halal.
Atur ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun, ingkang kaleres sepuh, saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabekti. Dhumateng sesami-sami, kula ngaturaken, salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres enem, kula ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.
Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi Fitri 1439 Hijriah, kairing atur, taqobbalallohu minna wa minkum, taqobbal yaa kariim, minal aidzin, wal faidzin.
Atur kaping tiga, kula ngaturaken, sedaya kalepatan kula, lampah setindak, wiraos saklimah, ingkang kasengaja, saha ingkang taksih kabatin, ingkang sedaya wau, boten pikantuk, idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula.
Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan, ingkang tumanduk, dhumateng kula. Mugi-mugi Gusti Alloh, ngijabahi panuwun kita. Aamiin.
Alhamdulillaahi rabbil a’lamin.